Sabtu, 10 Oktober 2015

Paus dan Monyet (Humor Suami Istri)

Sawijining dino...
Maman ngobrol karo Mimin, bojone, neng teras omah..

Mimin : "Mas, aku pengin latihan renang, oleh to ?!!"
Maman: "Arep nggo opo?! wis tuwo ndadak pethakilan pengin renang.."
Mimin : "Ben langsing to Mas, koyo jaman isih prawan ndhisik..!"
Maman : "Haalaah, ikan paus sing saben dino renang kae yo tetep gendut...!!".
Mimin : "Huhhhhh..!!"
Telung minggu sak uwise...
Maman : " Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah2an sing akeh. Sesuk tukokno neng pasar yo...!!"
Mimin : "Tumben doyan buah2an, arep nggo opo to mas..?"
Maman : "Ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom2an dhisik. Kan kowe yo melu bangga...!"
Mimin : "Alaah Mas, munyuk kae saben dino  makan buah2an, rupane yo tetap elek...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jika artikel ini bermanfaat, bantu share artikel ini. Lets change the world together :)